Sastra Jawa

SERAT KALATIDHA

Ki Ronggowarsito

Mangkya darajating praja, kawuryan wus sunyaruri, rurah pangrehing ukara, karana tampa palupi, atilar silastuti, sujana sarjana kelu, kalulun kalatidha, tidhem tandhaning dumadi, hardayengrat dening karoban rubeda

Ratune ratu utama, patihe patih linuwih, pra nayaka tyas raharja, pnekare becik-becik, parandene tan dadi, paliyasing kalabenda, malah mangkin andadra rubeda kang ngreribeti, beda-beda ardaning wong sanagara

Katetangi tangisira, sira sang parameng kawi, kawilet ing tyas duhkita, kataman ing reh wirangi, dening upaya sandi, sumaruna anarawung, mangimur manuara, met pamrih melik pakolih, temah suha ing karsa tanpa weweka.

Dasar karoban pawarta, bebaratan ujar lamis, pinudya dadya pangarsa, wekasan malah kawuri, yen pinikir sayekti, mundhak apa aneng ngayun, andhedher kaluputan, siniraman ing banyu lali, lamun tuwuh dadi kekembanging beak.

Ujaring paniti-sastra, awewarah asung peling, ing jaman keneng musibat, wong ambek jatmika kontit, mangkono yen niteni, pedah apa amituhu, pawarta lalawora, mundhak angreranta ati, angur baya ngiketa cariteng kuna.

Keni kinarya darsana, panglimbanging ala becik, sayekti akeh kewala, lelakon kang dadi tamsil, masalah ing ngaurip, wahanira tinemu, temahan anarima, mupus papesthening takdir, puluh-puluh anglakoni kaelokan.

Amenangi jaman edan, ewuh aya ing pambudi, melu edan nora tahan, yen melu anglakoni, boya kaduman melik, kaliren wekasanipun, dilalah karsa Allah, begja-begjane kang lali, luwih begja kang eling lawan waspada.

Samono iku bebasan, padu-padune kepengin, nggih makoten paman dhoplang, bener ingkang angarani, nanging sajroning batin, sajatine nyamut-nyamut, wus tuwa arep apa, muhung mahas ing asepi, supayantuk pangaksamaning Hyang Suksma.

Beda lan kang wus santosa, kinarilan ing Hyang Widdhi, satiba malanganeya, tan susah ngupaya kasil, saking mangunah prapti, Pangeran paring pitulung, marga samaning titah, rupa sabarang pakoling, paradene maksih taberi ikhtiyar.

Sakadare linakonan, mung tumindak mara ati, uger tan dadi prakara, karana wirayat muni, ikhtiyar iku yekti, pamilihing reb rahayu, sinambi mbudidaya, kanthi awas lawan eling, kang kaesthi antuka parmaning Suksma

Ya Allah ya Rasulullah, kang sipat murah lan asih, mugi-mugi aparinga, pitulung ingkang nartani, ing alam awal akhir, dumunung ing gesang ulun, mangkya sampun awredha, ing wekasan kadi pundit, mila mugi wontena Pitulung Tuwan.

Sageda sabar santoso, mati sajroning ngaurip, kali sing reh aruara, murka angkara sumingkir, tar len meleng malatsih, sanityasengtyas memasuh, badharing sapudhendha, antuk mayar sawatawis, boRong angGA saWARga meSI marTAya.

PEMBAHASAN

Meskipun banyak yang menganggap Serat Kalatidha sebuah ramalan karena di dalamnya memuat “jaman edan” tetapi itu merupakan pengungkapan ganjalan hati sang pujangga.

Menurut penafsiran diwaktu itu sang pujangga mendapatkan kabar angin kalau dia akan mendapatkan jabatan tertentu. Tentu saja kabar itu membuat dia gembira. Tapi pada kenyataan harapan itu hanyalah isapan jempol belaka, karena yang terjadi banyak orang yang mempengaruhi keputusan sang raja sehingga kedudukan itu jatuh ke tangan orang lain. Kejadian inilah yang dianggap sebagai “jaman edan” sebab hanya yang dekat dengan sang rajalah yang mendapat bagian itu.

Sang pujangga pun mengelus dada atas kejadian ini, ia menyerahkan semuanya kepada yang maha kuasa, apalagi waktu itu ia merasa sudah tua. Disinilah sang pujangga merasa sakit hati. Perasaan sakit hati itu tidak mungkin diungkapkan secara langsung kepada atasannya. Akhirnya ia membuat karya sastra ini yang mana sangat universal dan tidak akan lapuk dimakan jaman. Karena kejadian seperti ini akan terus berulang.


Tinggalkan Balasan

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Ubah )

Connecting to %s